dcsimg
Image of cloudberry
Creatures »

Eukaryotes

Eukaryota

Eukariota ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Eukariota (asalé saka basa Yunani "eu" kang tegesé "becik", lan "karyon" kang tegesé nunjuk ing nuklei sel) iku organisme kanthi sel komplèks, ing ngendi bahan-bahan genetikané disusun dadi nuklei kang kaiket membran. Eukariota kalebu kéwan, tetuwuhan, lan jamur—kang akèh-akèhé multiselular—sarta manéka golongan liyané kang diklasifikasikaké kanthi kolèktif minangka protista (akèh ing antarané uniselular). Suwaliké, organisme-organisme liyané, kaya ta bakteri, ora duwé nuklei lan struktur sel komplèks liyané; organisme-organisme kaya iku mau karan prokariota.

Struktur

Lumrahé, sel eukariota duwé ukuran kang luwih gedhé tinimbang prokariota lan duwé pérangan-pérangan sub-selular kang karan organel. Béda karo prokariota, DNA eukariota disimpen ing kumpulan kromosom kang kasimpen ing njero nuklei kang kabungkus membran nuklei. Saliyané nglakoni panyigaran sel kanthi aseksual, akèh eukariota uga bisa nglakoni réprodhuksi sèksual liwat prosès fusi sel, kang ora tinemu ing prokariota.

Réprodhuksi

Réproduksi eukariota dilakoni liwat sigar sel, kang lumrahé dumadi kanthi mitosis, ya iku prosès sigaré inti sel kang njalari sawijining sel anak nampa dhuplikat utawa salinan saben kromosom kang diduwèni sel indhuk. Ing sakèhé eukariota ana uga réprodhuksi sèksual, ing antarané sel haploid, ya iku sel kang mung duwé siji kromosom saka saben pasang kromosom kang diduwèni sel indhuk kang nglibataké prosès fusi inti sel (singami) lan panyigaran kanthi meiosis kang ngasilaké sel diploid, ya iku sel kang duwé pasangan kromosom kang lengkap.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Eukariota: Brief Summary ( Javanese )