Salamander geger abang utawi Salamander geger abrit (Plethodon cinereus) punika salah setunggaling salamander alas ingkang ukuranipun alit.[1] Salamander geger abrit limrahipun manggèn wonten pèrèng alas ing Amérika Lèr pérangan wétan, inggih punika tlatah Missouri; Carolina Utara; Quebec saha Provinsi Maritimeswonten ing Kanada ngantos Minnesota.[1] Salamander geger abang ugi misuwur dados Salamander geger abang lor.[1] Nama punika kanggé mbéntenaken saking Salamander geger abang kidul (P. serratus).[1] Salamander geger abang gadhah kalih variasi warna.[1] Inggih punika variasi geger abang saha werni ingkang langkung peteng inggih punika geger ireng.[1] Kajawi punika wonten variasi sanèsipun inggih punika werni belang kuning, oranye saha pethak.[1]
Salamander geger abarit jaler lan èstri gadhah ciri ingkang bènten.[2] Bèntenipun punika wujud pakananipun saha teritori kawin inggih punika wonten ing sangandhapipun karang saha kayu.[2] Nanging kathah-kathahipun salamander geger abang punika sistem monogami sosial.[2] Salamander punika wiyaraken tlatah sareng-sareng kaliyan salamander geger abang sanèsipun.[2] Salamander geger abang punika gadhah anak nalika wulan Juni saha Juli.[2] Salamander geger abang wadon limrahipun ngasilaken tigan ingkang cacahipun sekawan ngantos pitulas saben satunggal taunipun.[2] Tigan punika lajeng netes nalika sampun 6-8 minggu.[2]
Salamander geger abang utawi Salamander geger abrit (Plethodon cinereus) punika salah setunggaling salamander alas ingkang ukuranipun alit. Salamander geger abrit limrahipun manggèn wonten pèrèng alas ing Amérika Lèr pérangan wétan, inggih punika tlatah Missouri; Carolina Utara; Quebec saha Provinsi Maritimeswonten ing Kanada ngantos Minnesota. Salamander geger abang ugi misuwur dados Salamander geger abang lor. Nama punika kanggé mbéntenaken saking Salamander geger abang kidul (P. serratus). Salamander geger abang gadhah kalih variasi warna. Inggih punika variasi geger abang saha werni ingkang langkung peteng inggih punika geger ireng. Kajawi punika wonten variasi sanèsipun inggih punika werni belang kuning, oranye saha pethak.